Posts

Showing posts from January, 2015

Lirik Sholawat Syi'ir Pepali Ki Ageng Selo

Allahumma sholli 'ala sayyidina. Muhammadin thibbil qulubi wadawaiha. Wa'afiyatil abdani wa syifa'iha. Wa nuuril abshoori wadliyaaiha. Wa alaa alihi washohbihi wasallim. Pepali ki ageng, selo amberkahi Ojo gawe angkuh, ojo ladak lan ojo jahil Ojo ati serakah lan ojo celimut, Ojo buru aleman lan ojo ladak Wong ladak pan gelis mati, lan ojo ati ngiwo Niruho wong mulyo, habaib ulomo Niyat hormat golek tsawab ujar berkah kang minulyo Ojo sampe modo, ora keno nyelo Luwih becik derek tindak lampah pinuji minulyo Tembung alus ati ati, lungguhe ojo sembrono Sopo nandur bagus, bakal panen ugo Seneng ayem bahagia, anak putu sak kluwargo Lamun dadi penggede, printah anak buahe Ojo nganti keras kaku, sak seneng karepe dewe Dadiyo siro pelindung, printah kelawan kiro kiro Iling lan waspodo, dawuh kang utomo Senengno jiwamu lan atimu, ojo salah tompo Pitutur kang luhur, printahe agomo Ojo simpang siur, tindak ngawur ndadekno sengsoro